sekaten
SEKATEN
Upacara tradisi
sekaten minangka aset budaya dhaerah nganti saiki isih ajeg dipengeti dening
saperangan gedhe warga kutha Solo. Ngamot crita rakyat sing nglandesi
pegelarane. Kaya sing dicritakake dening GPH Puger ing bukune Sekaten (2002), tradisi
sekaten ing kraton Kasunanan Surakarta dipurwakani adeging keraton Islam kaping
pisan, yaiku Demak, Ratune kang asma Raden Patah ngersakake nyiarake agama
Islam sajroning negarane, sesandhingan karo para Wali. Raden Patah banjur
ngadekake Masjid Agung ing Demak, lan digunakake minangka sarana dakwah lan
nyebarake Islam, kanthi cara nyawijikake budaya ing papan kono.
Sawetara dina, digawe
sawijining adicara kang ngepasi karo dina wiyosane Nabu Muhammad saw, ing jero
Masjid diadani dakwah kanthi sarana piranthi gamelan. Swara gamelan kuwi
wusanane bisa nggeret wigatine para warga kang padha teka ing papan kono banjur
disyahadatake. Akeh wong sing seneng lan saya suwe adicara iku kasebut
sahadatan utawa Sekaten.
Lakune upacara tradisi
Sekaten ing kraton Surakarta dilaksanakake ngepasi dina wiyosane Nabi Muhammad
saw, tanggal 5 nganti 12 Rabiul awal. Sepisan pengetan Sekaten tanggal 5 Rabiul
awal, diwiwiti acara ngetokake rong pangkon gamelan tilasan jaman Demak, saka
jero Kraton. Gamelan kuwi banjur digawa liwat alun-alun teka sajroning Masjid
Agung, sadurunge dietokake saka kraton luwih dhisek dislameti, umbul donga lan
diwenehi sesajen. Sawise pasrah tinampi saka utusan kraton marang penghulu
Masjid, gamelan dipapanake ing Bangsal Pradangga ing kidul lan lor latar ngarep
Masjid Agung Surakarta. Gamelan ditabuh nalika wis ana utusan saka Kraton sing
mrentahake supaya ditabuh, yakuwi wanci jam papat sore.
Rong piranthi gamelan
kuwi jenenge Kyai Guntur Madu, mapaning perangan kidul kang nglambangake
syahadat tauhid. Denen Kyai Guntur Sari mapan ing lor Pendhapa Masjid Agung
kang nglambangake syahadat rosul. Gamelan Sekaten kang ditabuh tanggal 5 Rabiul
awal jam papat sore kuwi tansah dienteni dening para warga. Akeh-akeh wong
padha ngrudug Masjid Agung, saperlu ngrungokake gamelan sing ditabuh pisanan.
Sabanjure kuwi,
gamelan kuwi ditabuh genti genten sasuwene pengetan Sekaten. Gamelan ditabuh
wayah esuk wiwit jam sanga, wayahe asar lan luhur mandheg, banjur ditabuh maneh
lan mandheg maneh nalika mlebu wayah maghrib lan isya, ditabuh maneh nganti jam
12 bengi.
Sawise pengetan
Sekaten dilakoni pitung dina, wanci tanggal 12 Rabiul awal, yakuwi dina lahire
Nabi Muhammad saw diadani upacara grebeg yakuwi upacara slametan liwat simbol
gunungan sing diusung metu saka Kraton.
Komentar
Posting Komentar